Sinau Wicoro dados Pranoto Adicoro

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

A'udzubillahiminasyaitonirrojiim
Bismillahirrahmanirrahim
Alhamdulillahirabbil'alamin

Assholatu wassalamu 'ala sayyidina Muhammadin wa'ala alihi waashabihi ajma'in
Robbisrohli sodri wayassirli amri wahlul 'uqdatan millisani yafqohu qouli amaba'du

Wonten pangarsanipun sesepuh pinisepuh ingkang kulo bektosi;
wonten pangarsanipun Bp. Ust. Nur Arifin ingkang kulo dereki soho kulo ta'dzimi;
Wonten pangarsanipun Bp. Ketua RT 04 soho sak perangkatipun, sedoyo ingkang kito hormati;
Sumrambah dumateng ahli mujahadah malam rabu ingkang dipun mulyaaken Allah SWT;
Mboten kesupen dumateng sohibul bait ingkang kulo hormati ugi.

Sakderengipun kulo matur punopo ingkang dados pamatur kulo sakmangke, langkung rumiyin monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten pinten kanikmatan, karahmatan, hidayah soho inayahipun, sahinggo kito waget makempal wonten ing Dalemipun Bp. ________ kanthi mboten manggihi alangan satunggal punopo, kranten meniko monggo kito ikroraken kanthi maos tahmid sesarengan "Alhamdulillahirabbil 'alamin".

Sholawat salaam mugi katur dumateng junjungan kito, Nabi Agung Muhammad sholallahu 'alaihi wassalaam ingkang mugi-mugi kito tansah pikantuk syafa'atipun wiwit dunyo dumugi akhirat sakmangke. Allahumma amiin.
Ahli Mujahadah ingkang dipun mulyaaken Allah SWT,
Nyuwun pangapunten kulo kumowantun matur wonten ngarso panjenengan sedoyo minongko pranotocoro wontenipun mujahadah rutin malem rabu wonten ing ndalu puniko ingkang kaleresan wonten ndalemipun Bp. ____________ 

wondene acara ingkang bade kalampah sakmangke inggih puniko :
sepindah pembukaan
ingkang ongko kalih sambutan saking wakil sohibul bait
ingkang ongko tigo waosan tahlil tahmid soho sholawat
ingkang ongko sekawan sumene utawi istirohat
ingkang ongko gangsal pengumuman-pengumuman
lajeng ingkang pungkasa penutup

Amargi wekdalipun sampun nyekapi, monggo mujahadah malem rabu ing ndalu puniko kito buka sesarengan kanto maos ummul kitab, kanthi kulo dereaken liridhoIllahi wali syafa'ati rosulillah Alfatihah .............

Mugi khanti maos ummul kitab nembe kemawon, mujahadah ndalu puniko tansah dipun ridhani Allah SWT lan tansah cinatet amal ingkang dipun tampi Allah SWT.. Allahumma Amiin

Sak lajengipun acara ingkang ongko kalih, inggih sambutan saking wakil shohibul bait ingkang bade dipun wakili Bp.____________
wekdal soho panggenan sakcekapipun kulo sumanggaaken.
_____________
_____________
matursuwun dumateng Bp. ____________ ingkang sampun kerso mewakili shohibul bait.

Acoro ingkang kaping tigo inggih waosan tahlil tahmid soho sholawat ingkang bade dipun roisi panjenenganipun Bp. Ust. Nur Arifin, wekdal soho panggenan kulo aturaken.
____________
____________
matursuwun dumateng Bp. Ust. Nur Arifin, mugi-mugi waosan-waosan sewau dipun tampi Allah SWT, lan dados amal kesaenan panjenengan sedoyo lan kulo. Allahumma amiin..

Acoro ingkang kaping sekawan inggih sumene, 
dumateng poro kawulo mudo wekdal sakcekapipun kulo aturaken.

Acoro ingkang kaping gangsal inggih pengumuman pengumuman,
dene pengumuman ingkang sepindah saking Bp. Bahrodin selaku Ketua RT 04 
wekdal soho panggenan kito aturaken.
_____________
_____________
matursuwun dumateng Bp. Bahrodin ingkang sampun paring pengumuman dumateng warganipun, mugi ndadosaken kawigatosan poro pirawuh samudayanipun.

Acoro ingkang pungkasan inggih penutup, monggo acoro kito tutup sesarengan kanthi maos tahmid sesarengan "Alhamdulillahirobbil 'alamin".

saking kulo kathah lepatipun anggen kulo matur, kulo tansah nyuwun sih samudro pangarsami.
kulo pungkasi wabillahi taufiq walhidayah.. wassalamu'alaikum wr. wb.

sinau wicoro dados wakil tuan rumah

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

A'udzubillahiminasyaitonirrojiim
Bismillahirrahmanirrahim
Alhamdulillahirabbil'alamin

Assholatu wassalamu 'ala sayyidina Muhammadin wa'ala alihi waashabihi ajma'in
Robbisrohli sodri wayassirli amri wahlul 'uqdatan millisani yafqohu qouli amaba'du

Wonten pangarsanipun sesepuh pinisepuh ingkang kulo bektosi;
Wonten pangarsanipun Bp. Ust. Nur Arifin ingkang kulo dereki soho kulo ta'dzimi;
Wonten pangarsanipun Bp. Ketua RT 04 soho sak perangkatipun, sedoyo ingkang kito hormati;
Sumrambah dumateng ahli mujahadah malam rabu ingkang dipun mulyaaken Allah SWT;
Mboten kesupen dumateng sohibul bait ingkang kulo hormati ugi.

Sakderengipun kulo matur punopo ingkang dados pamatur kulo sakmangke, langkung rumiyin monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten pinten kanikmatan, karahmatan, hidayah soho inayahipun, sahinggo kito waget makempal wonten ing Dalemipun Bp. ________ kanthi mboten manggihi alangan satunggal punopo, kranten meniko monggo kito ikroraken kanthi maos tahmid sesarengan "Alhamdulillahirabbil 'alamin".

Sholawat salaam mugi katur dumateng junjungan Nabi Agung Muhammad sholallahu 'alaihi wassalaam ingkang sampun beto umatipun saking jaman jahiliyah dumugi jaman nuriyah.

Ahli Mujahadah ingkang dipun mulyaaken Allah SWT,
Nyuwun pangapunten kulo kumowantun matur wonten ngarso panjenengan sedoyo, minongko dados talang aturipun sohibul bait
#ingkang sepindah ngaturaken sugeng rawuh ahlan wasahlan bihudurikum dumateng panjenengan sedoyo, mugi-mugi rawuhipun panjenengan sedoyo tansah cinatet Amal ingkang dipun tampi Allah SWT.
#ingkang kaping kalihipun, nyuwun pangapunten mbok bilih mboten saget ngaturi papan pilenggahan ingkang sekeco,
lan mboten sesuai kalian drajat pangkat panjengan sedoyo.
#ingkang kaping tiganipun mbok bilih sak mangke saget ngaturi pasugatan, nyuwun pangapunten mboten saget ngaturi
ingkang saged ntresepaken dumateng manah panjenengan sedoyo, anamung sagetipun ngaturaken jazakumullah ahsanal jaza..
#Mbok bilih katah kekirangan saking arah pundi kemawon, kulo minongko talang aturipun sohibul bait sepindah malih namung saged nyuwun sih samudro pangarsami.

Saklajengipun, kejawi nampi giliran mujahadah rutin tiap malem rabu, shohibul bait ugi nyuwun waosan tahlil tahmid soho sholawat, ingkang bade dipun hadiahaken dumateng ahli kubur kulo panjenengan sedoyo, lan ugi wabil khusus ahli kubur saking keluarga shohibul bait,

1. Sepindah Alm. Bp. __________ 
2. .................
3. .................
4. Ahli kubur muslimin walmuslimat sedoyo


Mbok bilih mekaten ingkang saged kulo aturaken, katah lepatipun anggen kulo matur tansah nyuwun pangapunten,
kulo akhiri wassalamu'alaikum Wr. Wb.